Atining Panggurit
Dening: Nuryanto (Nurgud)
Guritku guriting gurit
Gurit kang rinakit saka ati kang rinujit
Guritku gurit panjerit
Yen wanodya sungkawa kawetu tangis
Yen mangsa rendheng kawetu udan
Yen panjeritku penggurit bakal dadi gurit
Kadya ilining banyu sumber ing sendhang
Menawi sliramu waskita coba cucupen
Sari sarining ngelmu kasampurnan
Bisa nyawang kabecikan jroning Pacoban
Nggayuh kabungahan jroning kasusahan
yo rasakna guritku
Rinesepna jroning kalbumu
Tags: #curhatan geguritan #geguritan nurgud #isi geguritan nurgud