Contoh Opini Bahasa Jawa Karawitan Ing Jaman Menika

Di Materi 10425 views

Opini Bahasa Jawa

Karawitan ing jaman menika.

          Menawi ningali kawontenanipun bangsa Indosesia ing jaman samenika dipun emanaken sanget. Wonten ing jaman ingkang sarwa modern menika kathah tiyang ingkang ninggalaken bandha ingkang sampun dipunwarisaken leluwur jaman rumiyin.

         Ing jaman samenika sampun boten katha lare ingkang mangertos babagan kabudayanipun piyambak. Sasanesipun menika, lare-lare ing jaman samenika sami boten remen nyinau babagan kesenian tradisional. Ing antaisipun kados kesenian karawitan ingkang sampun boten kathah dipun sinau kalian lare-lare enem.

Bok menawi lare-lare nyinau kesenian karawitan menika namung wonten ing sekolahan, temtukemawon sekolahan ingkang wonten muatan lokal kesenian lokal ingkang wonten ing muatan lokal basa Jawa. Senaosa inggih wonten ingkang remen lan purun nyinau kesenian karawitan menika. Ananging kathah-kathahipun lare enem ing samenika lingsem menawi nyinau kerawitan, amargi rumaos menawwi kerawitan menika sampun kuna.

Babagan menika sami kalian ingkang dipun ngendikaaken bapak Sis Kardilan (salasatungaling seniman saking Bantul, 2010), bilih lare enem ing samenika sampun boten gadhah greget kangge nglestantunaken kesenian tradisional mliginipun kesenian karawitan. Bapak kardilan ugi matur bilih piyambakipun lingsem lan eman menawi ningali kawontenan lare enem ing jaman samenika. Lingsemipun amargi nalika bapak Kardilan mucal kursus karawitan tiyang saking Amerika ingkang sampun dangu wonten ing Indonesia menika matur bilih piyambakipun gumun menawi ningali lare enem Jawa menika. Kenging menapa tiyang ingkang gadhah kesenian tradisi karawitan malah boten remen nyinau karawitan, kenging menapa lare ingkang boten gadhah kesenian kados tiyang Amerika menika remen lan pengin sanget nyinau karawitan. Tiyang amerika menika matur menawi eman sanget amargi ing kesenian karawitan menika wonten nilai-nilai luhur-ipun, ing antawisipun ing sekaripun menika wonten wewarah lan sanes-sanesipun. Menika ingkang andadosaken bapak Kardilan lingsem. Lan eman amargi ing kasunyatan menapa ingkang dipun aturaken tiyang Amerika menika pancen leres.

Lajeng kedah kadospundi malih menawi kawontenan ing jaman samenika sampun kados menika? Sinten ingkang kedah tanggung jawab nglestantukaken lan sinten ingkang kersa ngleluri kesenian karawitan menika? Kita minangka warga ingkang berbudaya estunipun ingkang kedah tanggungjawab nglestantunaken lan ngleluri karawitan menika. Menapa nengga karawitan menika dipun klaim rumiyin kalian nagari sanes lajeng nembe dipun gatosaken? Temtukemawon boten.

Ingkang menika mangga sami-sami nagi lan nglestantunaken kesenian tradisi karawitan menika supados saged gesang, lan lestantun salami-laminipun. Supados boten dipunaku-aku malih kalian bangsa sanes, supados putra wayah kita sedaya saged mangertos bilih ing Jawa menika kathah sanget kesenian tradisional kados kesenian karawitan menika.

Kisi Kisi PAS Bahasa Jawa Kelas XI
Bagi kalian yang saat ini sedang akan
Materi Tembang Macapat, Isi Tembang Macapat dan Makna Tembang Macapat
Materi Tembang Macapat, Isi Tembang Macapat dan Makna Tembang Macapat
KAWRUH TEMBANGMACAPAT Tembang / sekar  inggih menika
Contoh Naskah Aksara Jawa
Contoh Naskah Aksara Jawa
Berikut ini adalah contoh naskah tembang aksara
Cara Membasi Kutu Tanaman
Cara Membasi Kutu Tanaman
Berikut ini adalah Cara Membasi Kutu Tanaman
Baca Juga×

Top
×