Materi Bahasa Jawa Sesorah

Di Materi 953 views

Sesorah

Materi Bahasa Jawa Sesorah

Sesorah utawi pidhato limrah sinebat medhar sabda inggih menika nglairaken gagasan, pamanggih, utawi osiking manah sarana lisan ing sangajenging tiyang kathah. Menawi mekaten sawenehing tiyang ingkang kapatah dados panata titi laksana utawi paniti laksana menika ugi kalebet ewoning tiyang sesorah, ananging beda jejibahan. Pidhato utawi wicantenan ing sangajengipun tiyang kathah menika boten gampil, pramila kedah dipunsamektakaken sangunipun saha asring dipungladhi utawi dipunlatih. Kanthi mekaten, jinisipun pidhato utawi sesorah saged kabedakaken dados warni sekawan, inggih menika:

  1. Sesorah kanthi cara apalan

Sesorah menika dipunayahi kanthi damel seratan teks pidhato langkung rumiyin lajeng  dipun-apalaken tembung-tembungipun ngantos ukaranipun persis kaliyan teks kala wau. Dados, ayahanipun boten mawi pamanggih-pamanggih enggal amargi sampun kapurba dening teks (cathetan). Adhakanipun, menawi apalanipun wonten ingkang supe, lajeng saged ndadosaken supe sanesipun. Pramila cara menika asring dipunginakaken dening lare-lare ingkang nembe gladhen utawi ajar.

  1. Sesorah kanthi cara maos naskah utawi teks

Sesorah kanthi maos naskah utawi teks menika juru pamedhar sabda saestu mbekta naskah pidhato lajeng dipunwaos sawetahipun, boten dipun-apalaken. Sesorah kanthi cara menika gadhah ancas supados boten mlenceng saking tujuwan sakawit, boten klentu saha wekdalipun winates.

  1. Sesorah kanthi cara dadakan utawi impromptu

Sesorah cara dadakan menika cara pidhato ingkang boten kanyana-nyana saderengipun. Menawi satunggaling paraga badhe dipun-aturi ngayahi pidhato kanthi dadakan ing sawijining acara mila lajeng dipun-aturi pidhato ngaten kemawon. Mila, piyantun ingkang kapiji kedah ingkang sampun bêkèn lan padatan kersa medhar sabda. Sangunipun cara sesorah dadakan menika kedah trampil ing pamicara saha kathah pengalaman lan seserepan.

  1. Sesorah kanthi cara ekstemporan

Sesorah cara ekstemporan inggih menika juru pamedhar sabda ngasta cathetan alit minangka gaman utawi pangemut-emut urutaning ingkang badhe dipunngendikakaken. Cathetan wau namung wos-wos utawi garis ageng babagan ingkang badhe dipun-aturaken. Ing salajengipun salebeting sesorah dipunrembakakaken kanthi pamanggih-pamanggih enggal ingkang salaras kaliyan swasana utawi keperluan.

Sesorah, miturut isi lan basanipun, gadhah sipat-sipat: ringkes lan prasaja, basanipun rowa lan rinengga, populer, ilmiah, mligi utawi umum.

Kejawi punika, nalika nindakaken sesorah sawijining paraga kedah anggadhahi sangu utawi syarat:

  1. Patrap utawi sikep

Patrap utawi sikep rikala sesorah kedah nedahaken tata krami utawi trapsila, inggih menika solah bawa utawi tindak-tanduk ingkang prasaja, menapa wontenipun, boten dipundamel-damel. Mimik utawi ewahing pasuryan katingal sumringah anengsemaken amargi swasananipun swasana remen. Ebahing perangan badan ugi kaginakaken kangge nambahi gesanging pangandikan, upaminipun: njlentrehaken kanthi raos semangat makantar-kantar tamtu kemawon astanipun juru pamedhar sabda ngetingalaken raos semangat upaminipun kanthi ngepel asta. Ing upacara pangrukti layon sasaged-saged ngetingalaken raos sedhih utawi ndherek ngraosaken duhkita.

  1. Busana lan ngadi sarira

Nalika nindakaken ayahan sesorah, busananipun lan ngadi sariranipun pamedhar sabda kedah dipunlarasaken kaliyan kawontenan. Menika jumbuh kaliyan paribasan “ajining sarira saking busana”. Liripun, ing salebeting pasamuan sampun ngantos karana busana ingkang boten trep (‘norak’) ndadosaken asor prabawanipun; uger saweg dados punjering kawigatosan tumraping para rawuh.

  1. Basa lan sastra

Basa menika minangka pirantos utawi sarana lelantaran, sesambetan, utawi lung- tinampen kaliyan para tamu ingkang mirengaken. Mila, basanipun boten basa dakik-dakik, ingkang tetembunganipun boten dipunmangertosi ing akathah. Salajengipun, basa ingkang gampil dipuntampi utawi basa komunikatif tuwin trep utawi pas ing panganggenipun kedah migatosaken:

  1. sinten ingkang gineman
  2. sinten ingkang dipunajak gineman
  3. sinten ingkang dipunginemaken
  4. swasana nalikanipun gineman
  5. sami mangertosi ingkang dipunginem.

Dados, kirang trep menawi anggenipun nindakaken sesorah mligi ngginakaken basa apalan, langkung sae mangertosi kabetahan saha swasana nalikanipun saweg pangandikan, saged mulur mungkret ngengeti swasana, wekdal, lan kabetahanipun.

 

(Kabesut sakingTuntunan Sesorah saha Paniti Laksana dening Drs. Sutardi Atmasandjaja, kanthi ewah-ewahan sawetawis)

 

Sipat-Sipating Sesorah miturut Ancas utawi Tujuan:

  1. Sesorah pambagyaharja
  2. Sesorah mamitaken jenazah
  3. Sesorah ngarahaken sawijining bab ing pakempalan
  4. Sesorah ngresmekaken (madegipun papan pangibadahan, tetenger, lsp.)
  5. Sesorah pamedhar sabda
  6. Sesorah palapuran (ing pakempalan, organisasi koperasi, lsp.)

Sipat-Sipating Sesorah miturut Isi lan Basa:

  1. Sesorah ringkes lan prasaja
  2. Sesorah rowa lan rinengga
  3. Sesorah popular
  4. Sesorah ilmiah
  5. Sesorah mligi utawi umum

Cengkorongan Medhar Sabda:

  1. Salam pambuka
  2. Atur puji syukur dhateng Gusti Allah
  3. Atur kasugengan, kairing atur panuwun
  4. Wedharing gati utawi wosing medhar sabdha (isining sesorah)
  5. Atur nyuwun pangapunten (tumrap ingkang kagungan karsa)
  6. Panutuping atur/ salam

Tags: #Materi Bahasa Jawa Sesorah #pidato bahasa jawa #sesorah #sesorah bahasa jawa

Cara Membasi Kutu Tanaman
Cara Membasi Kutu Tanaman
Berikut ini adalah Cara Membasi Kutu Tanaman
Kisi Kisi Penilaian Akhir Semester Bahasa Jawa 2019
Kisi Kisi Penilaian Akhir Semester Bahasa Jawa 2019
Berikut ini kisi kisi penilaian akhir semester
Tuladha Sesorah Perpisahan Sekolah
Tuladha Sesorah Perpisahan Sekolah
Sesorah Pepisahan Saking Wakil Kelas XII Assalamualaikaum
Kisi Kisi Penilaian Akhir Semester Gasal Bahasa Jawa
Kisi Kisi Penilaian Akhir Semester Gasal Bahasa Jawa
Kisi Kisi Penilaian Akhir Semester Gasal Bahasa
Baca Juga×

Top
×