Pasang Tarub lan Bleketepe

In Materi

Upacara Pasang Tarub lan Siraman

       Salah satunggaling upacara wonten ing upacara wiwahaning penganten wonten upacara pasang tuwuhan ingkang kawastanan upacara Pasang Tarub. Upacara Pasang Tarub katindakaken sedinten saderengipun Upacara Dhaup (Ijab Kabul). Upacara Pasang Tarub inggih menika upacara pasang tetuwuhan sarta janur kuning minangka rerenggan papaning pawiwahan. Limrahipun pasang Tarub katindakaken sareng kaliyan upacara Siaraman. Adicara siraman awujud nyirami utawi ngedusi calon penganten. ancasipun, supados calon pengantin resik lair lan batosipun.

Urutaning Upacara Pasang Tarub lan Siraman Adat Yogyakarta yaiku :

  • Pasang tarub/bleketepe
  • Ngabekten
  • Ngracik toya
  • Ngintun toya perwita adi
  • Siraman
  • Sesuci (wudlu; tumrap ingkang ngrasuk agami Islam)
  • Pecah pamor (kendhi)

Dene sajen tarub menika warni-warni kados ing ngandhap menika.

  • Sanggan
  • Tumpeng robyong
  • Tumpeng gundhul
  • Tumpeng megana
  • Sekul liwet
  • Jajan pasar
  • Rujak degan
  • Brokohan
  • Ketan manca warna
  • Pisang ayu
  • Sekar pari
  • Toya tempuran
  • Damar/diyan
  • Tempe mentah
  • Sajen bucalan

UPACARA TINGKEBAN

Upacara tingkeban ana ing masyarakat Jawa Tengah lan Ngayogyakarta nganti tumeka saiki isih kereb ditindakake. Upacara tingkeban iki minangka upacara slametan pitung sasi kanggo calon ibu kang mbobot kaping pisanan. Upacara tingkeban dianakake mesthi wae nduweni ancas kang kepengin digayuh dening kulawarga, mligine ancas supaya bayi lair kanthi gampang, slamet lan ora ana alangan apa-apa. Kajaba iku muga-muga besuke bisa dadi anak kang bekti marang wong tuwane. Ing kene uga arep diandharake tata cara upacara tingkeban kalebu nyamping kang dienggo calon ibu.

Upacara tingkeban kawiwitan mawa sungkeman. Ing acara sungkeman, calon ibu lan calon bapak luwih dhisik sumungkem ing ngarsane Rama lan ibune. Sungkeman iki nduweni teges muga –muga ing tembe jabang bayi kang dilairake bisa dadi bocah kang bekti marang wong tuwane. Sabanjure upacara siraman, Ana ing upacara siraman, calon ibu disiram dening wong pitu, kayata: bapak saha ibu saka calon ibu; bapak saha ibu saka calon bapak; simbah; sedulur utawa tangga teparo kang bisa dadi tuladha becik. Sawise siraman banjur sesuci (wudhu ), banyu kang diwadhahi ing kendhi kanggo sesuci mau banjur dipecah dening ibu saka calon ibu kanthi ngendika: “ ora mecah kendhi, nanging mecah pamore jabang bayi.”

Ing upacara tingkeban, calon ibu ganti nyamping kaping pitu, kang urut-urutane: nyamping sidaluhur, sidamukti, truntum, wahyu tumurun, udan riris, parang kusuma lan nyamping semen romo. Sabanjure ganti nyamping ana adicara nigas janur kuning.  Calon bapak nigas janur kuning kang diubetake ing bangkekane calon ibu. Sawise nigas janur kuning, calon bapak banjur mlayu banter, iki nduweni ancas muga-muga jabang bayi bisa lair kanthi lancar lan cepet. Banjur acara brojolan. Brojolan ing kene ana werna loro yaiku brojola tigan ( kanthi pangajab muga-muga bayi bisa kalairake kanthi gampang ora ana sukerta kang ngalang-alangi. Brojolan kaping pindho yaiku brojolan cengkir kang digambari Kamajaya lan kamaratih utawa Arjuna lan subadra kang minangka pralambang laire jabang bayi. Mangkono mau urut-urutan ing upacara tingkeban. Ananging, amarga desa mawa cara negara mawa tata, mula ora mokal Manawa saben dhaerah beda tata carane nindakake. Kabeh mau minangka simbol kanggo nggayuh kabecikan.

( Kabesut  saking: Sempulur No. 07/ 11/ 2003/ Heni TH)

KAWRUH TEMBANG MACAPAT
KAWRUH TEMBANG MACAPAT
KAWRUH TEMBANGMACAPAT Tembang/sekar  inggih menika reriptan utawi
Kumpulan Geguritan SMA Terbaru
Kumpulan Geguritan SMA Terbaru
Edusiana.com – Berikut ini adalah kumpulan geguritan bahasa
Materi Pembelajaran Geguritan
Materi Pembelajaran Geguritan
Materi Pembelajaran Geguritan Bahasa Jawa Geguritan menika
Materi Kesenian Kethoprak Lengkap
Materi Kesenian Kethoprak Lengkap
KETHOPRAK Kethoprak yaiku salah sijine jinis pagelaran
Must read×

Top
×