Tulahda Pranatacara Syawalan ing Sekolahan & Masjid

Di Materi 2708 views

PANATACARA ING ADICARA SYAWALAN

Berikut ini adalah Contoh Naskah MC Bahasa Jawa Syawalan atau Tuladha Pranatacara Syawalan sekolah atau Pranatacara Syawalan ing Masjid. Langsung saja di salin atau di simak contoh teks pranatacara acara syawalan di bawah ini:

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Karaharjan, katentreman sarta kabagyan paring dalem Allah ingkang Maha Asih, mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng panjenenganipun para rawuh ingkang minulya.

Nuwun, para pepundhèn, para sesepuh saha para pinisepuh ingkang dahat kinabektèn. Para pangembating  praja  ingkang  sinudarsana.  Bapak-bapak,  ibu-ibu,  para  kadang  sepuh  anem,  para rawuh kakung miwah putri ingkang sinuba ing pakurmatan.

Keparenga  kula  mambeng  saha  nggempil  kamardikan  panjenengan  sadaya,  awit  kula  piniji

saking panitya, kinèn ngaturaken urut reroncèning acara ing wekdal menika. Namung sadèrèngipun kula ngaturaken  rantamaning acara menika, sumangga kula dhèrèkaken ngonjukaken puji syukur wonten  ngarsa  dalem  Gusti   Ingkang   Maha  Agung,  karana  sih  wilasa  miwah  barokah  ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya  dalasan  kula, satemah ing kalenggahan menika saged makempal kanthi pinayungan karaharjan, tebih saking rubéda nir ing sambékala. Amin.

Nun  inggih  para  lenggah  ingkang  sinuba  ing  pakurmatan,  keparenga  panatacara  murwani lekasing sedya  ingkang menika énggal badhé binuka lampahing titilaksana acara syawalan, kanthi ngaturaken reroncèning acara ingkang sampun karantam déning panitya, nun inggih:

  1. (Acara ingkang angka sepisan) pambuka
  2. (Angka kalih) waosan kitab suci Al-Qur’an
  3. (Déné ingkang angka tiga inggih menika) atur pambagyaharja
  4. (Acara angka sekawan) pratignya syawalan saking wiranèm
  5. (Ingkang angka gangsal) pratignya syawalan saking warga
  6. (Déné ingkang angka enem) pratignya syawalan saking pengurus
  7. (Acara ingkang angka pitu) inggih menika panampining pratignya syawalan
  8. (Acara ingkang angka wolu) inggih menika jawat asta
  9. (Acara ingkang angka sanga) inggih menika suméné sawetawis
  10. (Tataran acara ingkang angka sedasa) katerangan bab syawalan utawi hikmah syawalan
  11. (Ndungkap acara ingkang angka sewelas utawi ingkang pungkasan) inggih menika panutup

 

Mekaten  para  rawuh  ingkang  minulya,  rantamaning  adicara   ing  kalenggahan  menika. Minangka   pratandha pambukaning adicara, sumangga kula dhèrèkaken sesarengan manungku puja konjuk  wonten  ngarsa  dalem  Allah  ingkang  Maha  Agung,  miturut  agami  saha  kapitadosanipun piyambak-piyambak. Sumangga kula dhèrèkaken.

……………………………………………………………………………………………………………………………… Cekap, matur nuwun.

Para lenggah ingkang bagya mulya, acara ingkang angka kalih inggih menika waosan kitab suci Al-Quran.  Pramila  dhumateng  paraga  ingkang  sampun  kapiji  nenggih  sedhèrèk……………….  kula sumanggakaken.

……………………………………………………………………………………………………………………………… Kaaturaken     aguning          panuwun                                              dhumateng       sedhèrèk          ………….           mugi-mugi       amal     saé

panjenengan pikantuk pituwas ganjaran saking ngarsa dalem Allah SWT. Mekaten ugi tumrap ingkang midhangetaken, mugi-mugi Allah kepareng ngluberaken rahmatipun. Amin.

Bapak-bapak, ibu-ibu, tuwin para lenggah ingkang dahat kinurmatan, ndungkap acara ingkang angka   tiga   inggih   menika   atur   pambagyaharja   saking   pangarsaning   panitya   ingkang   badhé dipunsalirani déning panjenenganipun bapak…………. dhumateng penjenganipun bapak ………… kula sumanggakaken.

………………………………………………………………………………………………………………………………

Para rawuh ingkang dahat kinurmatan, mekaten atur pambagya saking pangarsaning panitya, kanthi terang trewaca wijiling pangandika ngaturaken pambagya. Salajengipun, acara ingkang angka sekawan inggih menika pratignya  syawalan saking para wiranem kukuban …………. ingkang badhé dipunsalirani déning sedhèrèk ……. dhumateng sedhèrèk …………………………… kula sumanggakaken.

……………………………………………………………………………………………………………………………… Matur nuwun dhumateng          sedhèrèk                                                   ……….           minangka         sulihipun          para     mudha

wewengkon……….. Salajengipun, adicara ingkang angka gangsal inggih menika pratignya syawalan saking  warga  kukuban  ………….  ingkang  badhé  dipun  sarirani  dening  panjenganipun  bapak  ……. minangka  wakiling  sedaya   warga.   dhumateng  panjenganipun  bapak  ……………………………  kula sumanggakaken.

………………………………………………………………………………………………………………………………

Agunging panuwun katur dhumateng panjenenganipun bapak ………………….. ingkang sampun kepareng  nyulihi  sedaya  warga.  Pratignya  syawalan  salajengipun  inggih  menika  saking  pengurus wewengkon  …………………….,          ingkang                                                     badhé           dipunsalirani    dening panjenenganipun         bapak

………………….. dhumateng panjenganipun bapak …………………………… kula sumanggakaken

…………………………………………………………………………………………………………………………………. Sampun purna pangandikan saking panjenganipun Bapak ……… minangka sulihing sedaya pengurus.

Para lenggah ingkang minulya, ndungkap acara ingkang angka pitu inggih menika panampining pratignya  syawalan saking para wiranem, saking sedaya warga tuwin saking para pengurus dening

 

sesepuh pangarsaning wewengkon …………………. ingkang badhé katindakaken déning panjenganipun bapak……………………                                      dhumateng       penjenganipun bapak   …………………………      wekdal          kula sumanggakaken.

……………………………………………………………………………………………………………………………… Terang  trewaca  wijiling  pangandikan  saking  panjenganipun  bapak  …………….  nampi  saha

hananggapi pratignya syawalan ingkang sampun katur ing ngajeng. Dhumateng pajenganipun bapak

………………. kula aturaken agunging panuwun.

Para rawuh ingkang minulya, ndungkap acara ingkang angka wolu inggih menika jawat asta. Dhumateng  panjenganipun  bapak  sesepuh pangarsaning  kampung  kasuwun kapareng  jumeneng, nampi jawat asta kawiwitan   saking para pinisepuh, lajeng para pengurus, kasambet dening sedaya warga, mekaten ngantos waradin. Wekdal sacekapipun kula sumanggakaken.

……………………………………………………………………………………………………………………………

Para rawuh ingkang dahat kinurmatan, atur uninga bilih acara ing kalenggahan menika dèrèng purna.  Tataran  adicara  ingkang angka sanga inggih menika suméné sawetawis. Dhumateng para rawuh, sumangga kepareng lenggah kanthi mardikaning penggalih ngrahabi dhaharan saha unjukan ingkang sampun kacawisaken déning panitya. Minangka panglipur sawetawis, badhé katur pasugatan lumantar pita swara. Dhumateng kadang panata swara kula sumanggakaken.

……………………………………………………………………………………………………………………………… Nuwun para lenggah  ingkang dahat kinurmatan, kepareng sumela atur, ndhèrèk nggempil

kamardikan panjenengan sami, awit badhé katur sambeting adicara.

Jumbuh  kaliyan  urut  reroncèning  acara  ingkang  sampun  katur  wonten  ngajeng,  tataran adicara ingkang  angka sedasa inggih menika hikmah syawalan ingkang badhé dipunwedhar déning panjenenganipun bapak ……………… dhumateng panjenenganipun bapak ………… wekdal saha papan kula sumanggakaken.

……………………………………………………………………………………………………………………………… Mekaten para rawuh,  katerangan bab syawalan saking panjenenganipun bapak ………………

mugi-mugi sageda  andayani  tambahan  seserepan  saha  kathah  gina  paedahipun tumrap  kula  lan panjenengan sedaya. Dhumateng bapak ………………………….. kula aturaken agunging panuwun.

Para lenggah ingkang dahat kinurmatan, ndungkap adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup.  Sumangga pepanggihan ing wekdal menika kapungkasi sesarengan kanthi atur panuwun wonten ngarsaning dalem  Allah SWT ingkang Maha Agung, déné acara syawalan ing kalenggahan menika  saking  purwa,  madya,  dumugi   wasana  saged  kaleksanan  kanthi  raharja  tebih  saking sambékala. Donga puji syukur kula sumanggakaken miturut agami saha kapitadosanipun piyambak- piyambak, sumangga……………………………………………………………………………………………… Cekap, matur nuwun

Mbok bilih anggen kula ngayahi jejibahan kathah atur saha patrap ingkang boten ndadosaken

renaning penggalih, amargi cupeting seserepan kula ing rèh subasita, basa tuwin sastra, kula nyuwun rumentahing  agunging pangaksami saking panjenengan sedaya. Wasana sugeng kondur, mugi-mugi rahayu ingkang tansah pinanggih. Nuwun, matur nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Kisi Kisi PAS Bahasa Jawa Kelas XI
Bagi kalian yang saat ini sedang akan
Materi Tembang Macapat, Isi Tembang Macapat dan Makna Tembang Macapat
Materi Tembang Macapat, Isi Tembang Macapat dan Makna Tembang Macapat
KAWRUH TEMBANGMACAPAT Tembang / sekar  inggih menika
Contoh Naskah Aksara Jawa
Contoh Naskah Aksara Jawa
Berikut ini adalah contoh naskah tembang aksara
Cara Membasi Kutu Tanaman
Cara Membasi Kutu Tanaman
Berikut ini adalah Cara Membasi Kutu Tanaman
Baca Juga×

Top
×