Geguritan Nelayan
Ngunduh Ulem
Soroting netra donya ing wanci enjing cumplorot sisih wetan pernahe
Awak sayah, mripat digondheli rasa ngantuk
‘Anaku luwe, bojoku luwe, kendhilku nggoling’
pamikirku
Gregah, tak pancal rasa wegah
Gliyak-gliyak sikil jumangkah
Kumprubut nyekel gethek
‘Ayo . . .ayo. . .’
‘Sithik engkas’,
pangajaku nengahake gethek
Kringetku mancur
Awaku, klambiku klebus ginebyur kringet
Banyu asin awujud ombak ngapyuk ragaku sakanca
Gethek ora gelem manengah
‘Yo… yo… ayo…’
pangajaku
Plong, rasa jroning atiku
Huuh, pawetune napas landhung
Kapalku nengah ing papan panganku
Ombak pinggir segara tak kalahke dening gedhene tekatku sakanca
‘Kok ya mung semono karonsamu’,
batinku
Jala tak rangkul
Tak undhuh ulamku
‘Anaku, bojoku, sida mangan’
‘Kendhilku ora njomplang’
rasaku
Mongkog rasaning atiku
Luh tumetes kagirangan
Sukur tanpa pindhan kang dumadi saka rasaku
Dening: Yuniar Lang-lang Bawana
Tags: #artikel geguritan #contoh geguritan #contoh geguritan puisi jawa #contoh geguritan sma #contoh geguritan smp #contoh teks geguritan #download geguritan gratis #download gratis geguritan ngunduh ulam #download puisi jawa #geguritan #geguritan bahasa jawa #geguritan ngunduh ulam #geguritan puisi jawa #geguritan sma #geguritan smp #geguritan ulam #gratis geguritan #ngunduh ulam geguritan #puisi jawa #puisi jawa ngunduh ulam #ulam geguritan