Contoh Pranatacara Siraman

Di Materi 39221 views

PRANATACARA SIRAMAN

MC atau istilah jawa Pranatacara Dalam adat jawa sangatlah beragam, kali ini akan saya contohkan teks pranatacara dalam upacara siraman dalam pernikahan.

 Pambuka

Assalamu Alaikum wr.wb

Mugi pangayoman, miwah berkah Dalem Gusti ingkang Maha Mirah miwah Maha Asih, tansah rumentaha tumrap panjenenganipun para tamu samenika sarta ing salajengipun.

Nuwun, panjenenganipun para pinisepuh, ingkang dahat pinundhi, para tamu ingkang satuhu kinurmatan. Keparenga langkung rumiyin kula ngunjuaken puji sokur ing Ngarsa Dalem Pangeran, Allah SWT, dene awit saking lumbering berkah Dalem, kula saha panjenengan sedaya sami kepareng lenggah ing papan menika kanthi widada, nir ing sambekala. Inggih saged hangestreni tumapaking gati adicara siraman calon pinanganten putri  Sekar Asih, Spd, putra putrinipun bapak Suharyo sekalian.

 

Doa

Langkung rumiyin, sumangga kita tansah angunjukaken puja puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, awit saking rahmat saha hidayahipun saengga ing ari punika kita saged pinanggih kanthi wilujeng kalising sambekala, mugiya tansah rahayu ing salami laminipun, kalebet kula, panjenengan sedaya. Amin-amin ya rabbal alamin.

Sagung para rawuh ingkang dhahat kinurmatan,

Ngabekten     

Katuran dumateng Bapa dalah biyung kinasih lenggah ing damper ingkang sampun katata kanti laksana. Bapa lenggah ing sakiwa tengening penganten.

Sakderengipun jinamas ing warih, Ni mas Calon temanten putrid ing ngarsanipun Bapa dalah biyung kinasih nyuwun idi pangestu dalah nyuwun agunging pangaksama mring ingkang rama miwah biyung kinasih. Awit calon temanten putrid badhe lumebet ing bebrayan enggal.

 

Sanadyano mboten namung meniko ingkang putra sumungkem ing pepadanira ingkang rama dalah biyung. Nanging raosing penggalih ingkang rama dalah biyung satuhu beda.  Tatkala sinembah pepadane, kadya sinendhal mayang bathine. Trenyuh jroning wardaya. Trenyuhing nala ingkang datan sinayudan, satemah rama dalah biyung kuwawa ngamaph tumetesing waspa. Luh marawayan, tumetes tinampi kanthi lumahing asta mring kang putra. Minangka pratandha tumuruning nugraha, bilih ingkang rama dalah biyung ingkang sampun paring idi palilaah, miwah pangestu dhumateng kang putra henggenira arsa dhaup palakrama.

Paripurna ngabekti ing pepdanira ingkang rama kakung dalah biyung kinasih, Kang Putra calon temanten mring ingkang rama dalah biyung lumampah tumuju sasana jamas pasiraman.

 

Ngracik Toya

            Kawuryan rising rahayu sampun lenggah ing sasana jamas pasiraman. Tumuli Bapak Ibu Suharso ngracik toya suci perwita kang minangka sarana jamas pasiraman calon pinanganten putri.

Ingkang rinacik ingkang sepisan, Bapak Suharso mundhut toya saking kraton sinuntak ing bokor, salajengipun ugi toya saking lepen tempuran. Warih saking kraton, her saking lepen tempuran, miwah toya saking dalem riki sampun manunggal dadya sawiji. Mugi rising ahayu samangke kasawaban saking wibawaning kraton sarta saged manjing ajur-ajer warih ing lepen tempuran.

Ingkang kaping kalih, Bapak Suharso nglebetaken klapa sepuh sagandheng. Mugi menika dadya pralampita gegandhenganipun tiyang sepuh, nun inggih besan kekalih, awit saking manunggaling putra calon pinanganten sarimbit. Wohing klapa, sangsaya tuwa sangsaya wicaksana. Mugi kekalih besan, samya agegadhengan asta, nyawiji paring pangestu miwah pitutur sejati mrih ingkang putra calon pinanganten saged manggih kamulyaning gesang.

Ingkang kaping tiga, Bapak Suharso kabyantu Ibu Suharso manunggalaken sekar sritaman nyawiji kalian toya lan klapa, Sri ateges ratu, taman nenggih gumelaring puspa. Sritaman ateges retuning sekar, wujude mawar, mlathi, kanthil, miwah kenanga. Pralampita apa kang binawar saking kedaling lathi para wredha sageda tansah kumanthil-kanthil ing wardaya, kumenang kenang ing tung-tunging nala. Amrih arum gandanipun sekar sri taman, den sedya mrih gesangipun rising calon penanganten saged angambar arum gandane kadya gandane sekar sri taman.

 

Ngintun Toya

            Sampun rinacik toya suci perwita adi dening Bapak Ibu Suharso. Salajengipun mring karsaning kang hamengku gati, nun inggih Bapak-Ibu Sudiro kinen ngaturaken toya suci adi perwira adi dhumateng Bapak Ibu Sudirman nenggih calon besan. Toya suci perwita minangka sarana jamas pasiraman rising calon peninganten kakung. Sampun mangarsa Bapak Ibu Sudiro. Makatenta pangandikanya ingkang handuta.

Sampun bidhal ingkang dinuta, daya-daya nggenira lumaksana, parasing sedya hamung kumudu-mudu hangentasi karya, prapta ing dalemipun Bapak Ibu Sudirman.

 

Siraman

Amrih samekta miwah gangsar samudayanipun, keparenga kula aturi uninga bilih ingkang badhe paring jamas pasiraman samangke inggih menika, para pepundhen, para pini sepuh, pitu cacahipun. Pinilih gunggung pitu amrih risang calaon pinanganten putri tansah pikantuh pitulungan, kinasih ing sasama, cinaket mring Gusti.

 

Para pepundhen dalah pinisepuh ingkang kula aturaken kala wau inggih menika :

  1. Bapak Suharso
  2. Ibu Suharso
  3. Eyang Suikyem
  4. Ibu Marlinah
  5. Ibu Martini
  6. Ibu Ninuk
  7. Ibu Tri Narimastuti

 

Keparenga dumateng para pepundhen, para pinisepuh kasuwun pangestunipun paring jamas pasiraman dhumateng risang calon pinananganten putri.

 

  1. Ingkang sepisan paring jamas pasiraman nun inggih Bapak Suharso kanthi kebak ing pangati-ati, sarwa sarwi binarung donga suci lumebering toya waradung saranduning sarira risang ahayu. Ancles kadya siniram tirta sawindu, mahanani, ayem,temtrem sajroning kala.

 

  1. Ing kaping kalehipun, kasuwun ibu biyung kinasih paring pangestu sesuci, age-age marepegi ingkang putri. Kebak ing sutresna, jinamas ing warih risang calaon pianganten putri. Waradin ing sarira saking pucuking rikma dumugi samparaning ahayu.

 

  1. Salajengipun keparenga ingkang Eyang, nun inggih Eyang Sukiyem paring pangestu dhumateng wayah, kanthi pangestu suci dhiri karana paring jamas pasiraman toya suci perwita adi. Ketang tresnaning eyang marang wayah, sakderengipun angguyur toya paring puji pandonga rahayu. Kanthi pianringan toya perwita sari mugiya calon pinanganten putri hayem, tentrem, kadya pinaringan pangayoman risang ahayu mring ingkang eyang dupi piaringan pamuji donga miwah siniram ing warih suci.

 

  1. Katuran dumateng Ibu Marlinah

Mugi risang ahayu saged kasawaban mring kawegigan miwah kawicaksanan. Satemah ing tembe saged kasil ing babagan pakaryan

 

  1. Katuran dumateng ibu Martini paring jamas pasiraman, mugi Calon pinanganten putri sageta nderekaken sun tuladanaipun ibu…..

 

  1. Keparenga ibu Ninuk mugi calon pinanganten saged nulad mring ibu Ninuk

 

  1.  Ingkang pungkasan kasuwun dumateng ibu Tri Narimastuti paring idi pangestu dalah  paring jamas pasiraman, mugya pinanganten putri saged handerekaken hambangun kulawarga ingkang bagya mulya.

 

Jangkep pitu cacahe para pepundhen paring jamas pasiraman. Mugi-mugi suci lahir lan bathine risang ahayu satemah mdhep mantep anggenipun calon pinanganten ing dinten benjang badhe nglampahi upacara suci sarta sakral agung inggih punika adicara palakrama. Mawantu-wantu Bapak/Ibu Heri ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, Muhung Gusti Kang Maha mirah ingkang badhe males luhuring budi panjenengan sadaya. Amin.

 

SESUCI MECAH KEDHI

Saklajengipun Bapak Suharso paring toya sesuci ingkang mijil saking telengih kendhi pratala. Kendhi wus ngarani wadhah, pratala ateges lemah. Ilining toya boten pedhot mratandahani. Sempulur ing karahayon, sempulur anggenipun kagungan kersa, sempulur ing sandang, bogam, donya brana. Kanthi sesucen menika, mugi-mugi risang ahayu anggenipun badhe ngayahi wajib, kalis ing godha rencana, kalis ing sambikala, hamung rahayu kang bakal tinemu.

 

Pangkas Rikma

               Titi laksana salajengipun nun inggih Bapak Suharso arsa mangkas rikmane ingkang putri. Pangkasan rikma winadhah ing mok, tinampi dening ingkang ibu. Mugi risang ahayu nyembadani kekudanganipun ingkang rama miwah ibu kadidene sasmita pangkas rikma nun inggih wiwit samenika risang ahayu samekta bawa priangga kalamun sampun kulawarga mangun gesang tembayatan kaliyan ingkang garwa.

 

Pondhongan

            Rama kakung tumindak bopong pungkasan, ingkang paring sasmita hambok bilih  ing dinten menika rama kakung saged mbopong putrinipun ingkang pungkasan.

 

Tanem Rikma

            Kawuryan Bapak Ibu Suharso sampun mijil saking wisma arsa tumuju wonten ing pundi dumununging papan ingkang kangge hananem rikma. Pundi dununging papan minangka hananem rikma, nunggih wonten ing palataran wiwaraning gapura ingkang sisih kiwa. Kawuryan sampun sawega, ingkang ibu sarwi ngunandika,

Goteking kandha, ujaring bakul sinambe wara, bilih papan ingkang minangka sasana paneming rikma bisa kanggo tamba kangen. Benjing kalamun ingkang sampun palakrama temtu badhe uwal saking pangkoning bapa miwah ibu, bawa priyangga mandhireng pribadi, mpan wonten ing wisma priang gesang mulya kalyan ingkang garwa.

Pepisahan mekaten sawanci-wanci saged nuwuhaken raos kapang ing wardaya. Nalika raos kapang datan bisa sinayudan, ingkang bapak miwah ibu cekap mriksani papan ingkang kangge nanem rikmane calon penganten, satemah raos kapang saged ical musna, anane mung rasa suka lan bombong mring uripe putrane.

 

Pecok Tumpeng

            Paripurna Bapak Ibu Suharso metak rikma ingkang putra, daya daya tumuju wonten pundi dumuning papan amangkas tumpeng. Para kadang kula saking paket pengantin sampun sawega hanyawisaken. Nalika samana Bapak Ibu Suharso sampun sumandhing ing tumpeng. Sarwa sarwi kebak ing pangati-ati Bapak Suharso mangkas tumpeng, tumuli kaparingaken dhumateng garwa nenggih ibu V. Sampun katampi pucuking tumpeng, gandheng renteng renteng Bapak Ibu Suharso tumuju wonten panti busana, nenggih panti risang calon pinanganten putri kang nembe sinumbaga mring juru sumbaga.

Pangkasaning tumpeng minangka sarana dulang pungkasan. Mratandhani kalamun Bapak ibu Suharso paring wasiat dhumateng ingkang putri supados tansah bekti mring Pangeran, datan supen mring jatining panembah, tansah mudhi dhawuhipun Gusti, sarta nyingkiri ing pepacuhipun.

 

Dulang Pungkasan

 

Sade Dhawet

            Kawuryan Bpk/Ibu Suharso sampun miyos saking panti. Ibu Suharso ngindhit wakul minangka wadhahing arta asiling sade dhawet. Dene ingkang garwa nenggih Bapak Suharso ngasta songsong, kang wus sawega paring pepayung mring kang garwa. Ateges dadi wong tinitah kakung mono kudu bisa paring pengayoman mring ingkang garwa amrih ingkang tinitah wadon ayem, tentrem, kalis saking was sumelang .

Rame anggenaira antri samya mundhut dhawet,  dadya pratandha kalamun ing dinten benjing, rawuhipun para tamu antri dalidir kadya kang samya mundhut dhawet.

Sarwa-sarwi mirah, hanggenira Ibu Suharso sade dhawet, dhawete ayu, manis ing rasa, mila samya suka pari suka ingkang samya antri badhe mundhut dhawet. Mboten wonten ingkang kuciwa ing rasa, snmya suka ing nala.

Kajawi punika, sdayan dhawet ugi dados pratandha bilih bpk/ibu Suharso suka dene mring sesami. Satemene sapa wonge murah mring sasama, bakal pinaringan murah mring Gusti kang Maha Kuwasa.

 

Panutup

Makaten napa ingkang saget kula aturaken wonten adicara Siraman menika, mboten kesupen kula ing ngriki minangka sesulihipun ingkang hamengku gati, ngambali atur sugeng rawuh sinartan atur agunging panuwun ingkan tanpa pepindang rehning panjenengan para tamu sampun minangkani pamundhutipun Bpk/Ibu Suharso.

 

Para rawuh para lenggah,

Dening kula nindakaken urut reroncenipun adicara, milai purwa dumugi paripurna tartamtu kathah kekirangananipun ugi kekilafan kula, mila menika kula namung nyenyadhong lumunturing sih samodra pangaksama dumateng ingkang hamengku gati ugi panjenengan sedaya, labed budi daya kula manungsa. Nuwun.

           

Kisi Kisi PAS Bahasa Jawa Kelas XI
Bagi kalian yang saat ini sedang akan
Materi Tembang Macapat, Isi Tembang Macapat dan Makna Tembang Macapat
Materi Tembang Macapat, Isi Tembang Macapat dan Makna Tembang Macapat
KAWRUH TEMBANGMACAPAT Tembang / sekar  inggih menika
Contoh Naskah Aksara Jawa
Contoh Naskah Aksara Jawa
Berikut ini adalah contoh naskah tembang aksara
Cara Membasi Kutu Tanaman
Cara Membasi Kutu Tanaman
Berikut ini adalah Cara Membasi Kutu Tanaman
Baca Juga×

Top
×