Klekaran
Dening: Nuryanto (Nurgud)
Aku pingin klekaran
Sakwise awake iki sayah tenan
Mburu butuh kanggo panguripan
Sanajan adus riwe ing panasan
Aku pengin klekaran
sanajan ngathang-ngathang ana jogan
Iku wis cukup kanggoku
Kanggo ngilangi rasa kaku
Kareben wong nganggep aku edan
Marga turu sak paran-paran
Nanging aku bisa nglenggana
Marang kahanan kang sarwa beda
Tags: #contoh geguritan #geguritan klekaran #puisi bahasa jawa