Wohing Kama
Dening: Yogi M
Apa kok pikir manungsa iku dewa
Kang bias gawe apa-apa dadi sampurna
Tanpa cacat, tanpa lepat
Kadya kang dadi kekarepeane manungsa padha
Awak kang dumadi saka irenge donya
Among bias nampa ecene wong liya,
Tan m
ikir apa kang dadi rasa sira
Kalara-laran nganti nunjem ing dada
Pancen bener awak iki dudu wosing rasa tresna
Ora liya karana biyung kang butuh arta
Banjur makarya kang mengkana
Kang kanggo nyukupi upa saben dina