KAWRUH TEMBANG MACAPAT

Di Materi, News 5319 views

KAWRUH TEMBANGMACAPAT

Tembang/sekar  inggih menika reriptan utawi dhapukaning basa mawi paugeran  tartamtu (gumathok) ingkang pamaosipun kedah dipunlagokaken nganggé kagungan swanten (Padmosoekotjo,1960:25). Macapat menika sekar tradhisional ing tlatah Jawa. Macapat ugi mrathah wontening kabudayan Bali, Madura, saha Sunda. Menawi dipuntingali saking kérata basa, macapat menika tegesipun maca papat-papat. Maosipun sekar macapat pancèn wonten ingkang rinakit saben sekawanwanda (sukukata). Nanging boten sedaya gatra sekar macapat saged kawaos papat-papat. Sekar menika kinten-kinten tembé kémawon wonten ing  pungkasaning jaman Majapahit saha wiwitan  walisanga nyepeng kuwasa. Nanging menika ugi dèrèng mesthi,  amargi boten  wonten ingkang gathuk saged mesthèkakén. Macapat kathah dipunanggé ing sapérangan Sastra  Jawa Tengahan lan Sastra Jawa Énggal. Menawi dipunsandhingaken kaliyan Kakawin, paugeran-paugeran utawi metrum ing sekar macapat langkung gampil. Kitab-kitab jaman Mataram Énggal, kadosdéné Wédhatama, Wulangrèh,  Serat Wirid Hidayat Jati, Kalatidha, saha sanès-sanèsipun dipunrakit nganggé sekar macapat. Paugeran-paugeran menika wonten ing:

  • Guru gatra : cacahing wilangan larik/gatra saben pada (basa Indonesia : bait).
  • Guru wilangan : cacahing wilangan wanda (Indonesia : suku kata) saben gatra.
  • Guru lagu : tibané swara ing pungkasaning saben gatra.

Panyekaring tembang macapat menika temtunipun kedah kaselarasaken kaliyan titilaras(notasi), laras, saha pathetipun gamelan. Déné urut-urutanipun sekar macapat menika sami kaliyan lampahing manungsa saking jabang  bayi abang dumugi tumekaning pejah. Mungguh urut-urutanipun sekar, kadosta mekaten:

  • Maskumambang : Gambaranipun  jabang bayi ingkang taksih  wonten ing kandhutan ibunipun, dèrèng kawruhan jalèr utawi èstri. Mas tegesipun dèrèng ningali kakung utawi èstri, kumambang tegesipun gesang ngambang wonten ing kandhutan ibunipun.
  • Mijil : tegesipun sampun miyos saha cetha kakung utawi èstri.
  • Sinom : tegesipun kanoman, minangka  kalodhangan ingkang paling wigatik anggenipun tiyang anom supados saged  ngangsu kawruh sakathah-kathahipun.
  • Kinanthi: Saking tembung kanthi utawi tuntuning kang  ateges dipuntuntun supados saged mlampah ngambah panguripaning alam ndonya.
  • Asmarandana :  Ateges  rasa   tresna, tresna  marang   liyan (jalèr saha   èstri saha   kosok wangsulipun) ingkang sedaya  wau sampun dados kodrat Ilahi.
  • Gambuh. Saking tembung jumbuh/sarujuk ingkang ateges bilih sampun jumbuh/sarujuk lajeng dipungathukaken antawisipun kakung saha jaler ingkang sami-sami nggadahi raos tresna wau, ing pangangkah supados saged agesang bebrayan.
  • Dhandhanggula : Nggambaraken gesangipun tiyang ingkang saweg remen, menapa ingkang dipungayuh saged kasembadan. Kelakon gadhah sisihan/kulawarga, gadhah putra, gesang cekap kanggé sakulawarga.  Pramila   menika  tiyang  ingkang  saweg  bungah/ bombong penggalihipun, saged dipunwastani sekar dhandhanggula.
  • Durma: Saking tembung darma/wèwèh. Tiyang bilih sampun rumaos kacukupan gesangipun, banjur tuwuh raos welas asih marang kadang mitra sanèsipun ingkang saweg nandhang katresnan, pramila banjur tuwuhraos kekarepan darma/wèwèh marang sapadha-padha. Sedaya wau  dipunsengkuyung  ugi  saking  piwulangipun  agami  saha  watak  sosialipun manungsa.
  • Pangkur. Saking tembung mungkur ingkang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. ingkang dipunpenggalih kekarepan tansah wèwèh marang sapadha-padha.
  • Megatruh: Saking tembung megatroh utawi pegat rohipun/nyawanipun, awit sampun titiwancinipun katimbalan marak sowan mring Sang Maha Kawasa.
  • Pocung: Bilih sampun dados layon/mayit banjur dipunbungkus mori putih utawi dipocong sadèrèngipun kasarèkaken.
Bahan Belajar Ujian Sekolah Bahasa Jawa
Bahan Belajar Ujian Sekolah Bahasa Jawa
Kisi-Kisi USEK Bahasa Jawa Kelas XII 2024
Kisi-Kisi PAS Bahasa Jawa Semester 1 Kelas X
Bahan Pawartos ing link https://edusiana.com/materi-pawarta-kelas-x/ Analisis Pawarta
Baca Juga×

Top
×