KETHOPRAK
Kethoprak yaiku salah sijine jinis pagelaran kang asale saka Jawa. Sajroning pagelaran kethoprak tembang-tembang Jawa kanthi iringan gamelan kasuguhake kanthi rancak. Lumrahe, crita kang diangkat jroning pagelaran kethoprak ana maneka warna jinise. Ana sing dijupuk saka crita sujarah Jawa, legenda, utawa saka crita manca nagara. Nanging, bakune crita kang dibabar ora bakal njupuk saka wiracarita Ramayana lan Mahabharata, amarga wiracarita kasebut digelaraken ana kesenian wayang wong.
Sing dadi ciri wancine kethoprak yaiku, carita kanthi para nayaga/ pemain, kairing tabuhan (gamelan), nganggo tembang kang dadi tet enger kethoprak (rembugan uga bisa nganggo tembang, dadi tembang bisa mujudake pangiring adegan), dialog, lan monolog utawa dadi narasi. Wondene unining gamelan kanggo ngiringi tembang, adhegan, ilustrasi swasana carita, swasana dramatik, lan kanggo mbedakake adhegan siji lan sijine. Paraga kethoprak kudu pinter “acting” uga kudu pinter nembang, olah basa-sastra, lan joged. Dene sawetara lakon kethoprak kang kondhang ing antarane yaiku Arya Penangsang Warok Suramenggala, Abdul Semararupi, Panji Asmarabangun, Klana Sewandana, Andhe-andhe lumut, Anglingdarma, Rara Mendut- Pranacitra, Damar Wulan, lan sapiturute. Nanging ana kalane ya ngangkat crita saka manca nagara, upamane Sampek-Eng Tay, Romeo-Juliet, lsp.
Sawetara taun kapungkur, crita kethoprak akeh dibabar ing TV, salah sijine arupa kethoprak klasik, yaiku pagelaran kethoprak kang dibabar ing panggung kanthi beber kang winates. Sabanjure uga ana kethoprak sayembara, yaiku kethoprak kang dibabar ing TV kanthi beber/setting alam lan swasana ing njaban gedhung. Becike maneh, saben episode, mesthi ipungkasi kanthi sayembara kang nyedhiyani hadhiah mirunggan kanggo milut lan nggeret kawigatene pamirsane.
Wektu saiki, kethoprak uga duwe “improvisasi” kanthi wujud dhagelan kethoprak, upamane dhagelan lan kethoprak humor ana ing siaran radio lan televisi. Carita bakune padha nanging dipagelaraké kanthi dhagelan, mligi mung nyenengake penontone. Bab paugeran nomer loro. Kethoprak mau biasane wis ora banget- banget nggatekake unggah- ungguh basa lan tatakrama, sing baku bisa gawe guyu. Carita lan basa ora nganggo paugeran baku, mula bisa kasebut kethoprak ora jangkep. Kethoprak jinis iki akeh dibumboni dhagelan utawa guyonan, mula diarani kethoprak humor. Para paragane uga para dhagelan kondhang ing jagad kasenian. Sawetara sumber nyebutake kasenian kethoprak antuk kalungguhan kang mirunggan jroning masarakat Jawa, mligine wong cilik. Sebab jroning kethoprak, seni sandiwara, musik lan sastra dibabar bebarengan. Kasenian kethoprak iki tuwuh ngrembaka ing Ngayogyakarta lan Jawa Tengah, sarta saperangan dhaerah Jawa Timur. Jaman mbiyen kethoprak dadi panglipure masarakat. Sanajan dadi panglipuring masyarakat lan ngandhut piwulang budaya Jawa, nanging ing ngrembakane jaman, kasenian kethoprak rada dikiwakake dening masarakate, mligine para mudha awit ora pati dunung marang kasenian kethoprak, apa maneh gelem nresnani kasenian iki.