Naskah Manuskrip, Serat Tata Cara Islam

Di Materi 4172 views

SERAT TATA CARA ISLAM HAL.22-26 : LARE WIWIT NGANYCIK NGUMUR 7-10 TAHUN,

Lare ingkang sampun dumugi ngumur 7 tahun punika limrahipun sampun saged nedha ngombe tuwin susuci (cewok) piyambak boten susah kadulang utawi dipun sucenni, ing tembung ngarap winastan (tamyis) lah punika bapa utawi wali ingkang nguwasanni lare saya tambah anggenning gretehi dhateng tindhak sadaya kasaennan wali wajib parentah, susuci, shalat menawi sampun kiyat (boten rekaos) ing wulan siyam (ramlan) dipun purih nglampahhi siyam minongka anglelantih. Tuwin wiwit wajib angsal piwulang parlu-parluning dhawuh-dhawuhhipun agami Islam sarak Mukhammaddiyah. dipun awissana kenyceng sampun ngantos anglampahhi tindak culika kadosta : memendhetan pamawi nembung, punawa dene nyolong, sanadyan gadhahanning bapa biyungipun, wicanten goroh cidra, nenedha barang kharam kadosta : neda ulam bathang, kewan ingkang boten sinembeleh, najis babi, andhappan sarta sadaya tetedhan ingkang anyjalari ngrisakkaken badan utawi ambribahhaken nalar, kadosta : inuman keras, apyan, sasaminipun, katranganning bab tetedhan ingkang dados awissanning Sarak badhe kapratelakaken malih ing pungkassanning kitab punika.

Menawi sampun dungkap ngumur : 10 tahun, wali wajib mrentahhi prakawis kasebut nginggil kedah ingkang langkung keras manawi parlu kawenangngaken gitik sakinten nanging sampun ngantos damel sangsara, mekaten malih lare jaler estri yen sampun dungkap ngumur 10 tahun wajib kapisah-pisah patilemmannipun lare jaler boten kenging tilem celak kaliyan biyung, tuwin saderekkipun estri, lare kedah dipun dhasarrana piwulang ringkessan kalih bab mekaten,

  1. Den wedi nanging aja jirih
  2. Den wani nanging aja kuma wani

Ringkesanning suraossipun 1 lare kedah kagulang andhap asor ing sasami, nanging sampun ngantos gadhah watek ajrihan sampun ajrih utawi rikuh wawanginem kaliyan sinten kemawon,

2 Lare kedah gadhah watek kendel, nanging satindak tandukkipun sampun ngantos deksura.

Menawi lare sampun wiwit ngaji utawi sinahu wonten pamulangan kedah kajagi murih lastari majengngipun, sarana dipun pupurun manahipun sarta kabudi supados lare saged bombong manahipun sawatawis,

Manawi kalannipun libur, lare kabingah namanahhipun sawatawis, awit bingahhing lare mong samakaten punika anuwuhhaken gesangnging raos dhateng kapurunnannipun sinau, babasan saya wanter greget sahuttipun, nanging anggennipun ambibingah sampun ngantos keladuk sarta karek saha sampun ngantos medal saking garissing kahutaman kamargi bingah-bingah sawatawis ingkang parlu kadamel anglilipur utawi nyirnakaken putekking manah punika dedena mamaksiat, sakabat ngumar inggih kalipah rasul ingkang kaping II kala-kala ugi kapareng rengeng-rengeng manawi kagem anglilipur panggalih.

Upami wonten lare sinahu rapottipun kirang sae, punika boten kengeng dipunrengonni, tiyang sepuh kedah namung hanelakna prihhatosing manah, supados lare saged karaos temahhan lajeng purun ambudi indhakking tumemennipun awit lare ingkang kataman srengen nalika makaten punika, saget ugi anyjalari bingungnging manah, temahhan saya mundur pasinaonnipun,

Dene manawi rapottipun sae utawi minggah klasipun prayogi boten dipun kathahhi pangalem sayogi namung nglahina sanget sarjuning manah, supados lare saged kraos bilih pandamellannipun wau sampun kaleressan, destun manawi kaganyjar barang ingkang remeh-remeh nanging saged adamel bingahing lare, punika prayogi. dene kathahhing pangalemiwah panggunggung punika boten sae, anyjalari lare gadhah watek ugungngan,

Mekaten malih lare sayogi kasinau resikkan saha angaosi kawruh,lirripun kapardiya amulyakaken pirantossing pasinaon kadosta : kitab kuran tuwin buku-buku, sarampunging panyinaunnipun kedah karimat saha katata ingkang sae resik saha katingal mulya,

Manawi lare badhe nglampahi damel awrat kadosto : badhe kedah ngaji utawi sinau dateng ngamoco, utawi badhe iksamen sasaminipun punika manahhipun prayogi dipun unggar-unggara supados medalla kapuruhannipun , sarta ageng ngamanahihpun awit manah ageng badhe boten uwas anglampahhi wajib ingkang awrat saha boten ajrih ajeng-ajengan kaliyan guru ingkang ngiksamen (iksamennator) dene ajrih uwas sing manah punika nuwuhhaken kuwurring pamanahhan.

Tags: #contoh serat jawa #manuskrip #naskah jawa

Kisi Kisi PAS Bahasa Jawa Kelas XI
Bagi kalian yang saat ini sedang akan
Materi Tembang Macapat, Isi Tembang Macapat dan Makna Tembang Macapat
Materi Tembang Macapat, Isi Tembang Macapat dan Makna Tembang Macapat
KAWRUH TEMBANGMACAPAT Tembang / sekar  inggih menika
Contoh Naskah Aksara Jawa
Contoh Naskah Aksara Jawa
Berikut ini adalah contoh naskah tembang aksara
Cara Membasi Kutu Tanaman
Cara Membasi Kutu Tanaman
Berikut ini adalah Cara Membasi Kutu Tanaman
Baca Juga×

Top
×