Transkripsi edisi Diplomatik
Punika Serat Ambiya
Ingkang jilit II
Kawuryannan ing dinten kemis pon
Wulan jumadilawal
Taun Alip 1867
- risampunnira mangkana / nulya manthuk sira Nabi Ibrahim / kepanggih garwanipun / kanama dewi Sarah / duk semana kalih sami kannggennipun / lingirasane wisarah / eh tuwan Nabi Ibrahim
- ambangunni nguwenanar / lamun tuwan amennang perang sabil / amungsuh sang raja namrut / punika nadar amba / Nini anjar katurra dhateng pukulun / tumunten tuwa nikahha / lingira nabi Ibrahim
- mennawa tan lulus sira / besuk sira aduwe lara ati / sang dewi sarah umatur / leres yen sangking tuwan / mangke amba kang darbe mangke ingkayun / yen darbeye sakit mannah / lahta inggih kadipundi
- risampunnira mangkana / nulyaning lah anyjar lan Nabi Ibrahim / linarite samya lulut / denya apalakrama / lami-lamini anjar awawrat sepuh / sangnget denya pepasiyan / anjar lan nabi Ibrahim
- ni dewi sarah tumikala / dhateng anjar langkung suckering katir / tan anuju wolahipun / nadya maturing raka / nini anjar enoh ennala wanlingsun / sampun katingal le mata / atemah panas ati
- mengkana sira ni anjar / wawrat tan nemangke wus sangang sasi / mengkana duk wektu subuh / nabi Ibrahim angajak / nunggang unta sek sana sira lumaku / anarung tan angsal pernah / nulya prapteng bumi meskin
- mengkana sira ni anjar / wawratane saya karaos sakit / gya puputra miyos jalu / ateges warnannira / ingkang rama solah tingkah polahipun / mengkana sira ni anjar / tedhaking untalan siwi
- ya lenggah wonten ing lemah / ingkang putra ing ngaranan Ismail / punika ing namanipun / le ngngira nini anjar / tan kuwawa kawula ing panasipun / lan sukerre awak kula / dene tan amanggih warih
- mesaaken putra tuwan ing seksana kedah Nabi Ibrahim / sumedya ngullari banyu miner-miner tannangsal / munggeng ara-ara tan amanggih banyu / Nabi Ibrahim kemengngan / dadiya minggah djateng wukir
- ing ngarannan gunung ngarpat / pan ping pitu malajeng wali-wali / dene gugup galihipun / naning tan manggih toya / kawarna adewi anajr kang amangku / dhamateng ing putrannira / rumaod datan kuwawi /
- yen tinna panas kalintang / lamun dalu kelangkung dene atis / dyan sinneleh kang sunu / neng siti mancal-mancal / maring bumi Ismangil sampeyannipun / yata bumi kang-kang pancal / dene mukjijat kang siwi
- medal sumber toya kang muncar / ing nganrannen janjam wau kang warih / ni anjaranulya adus / samana wau kang putra / sinniramman cahyaninnira langkung mancur / ni anjar suka ing nala / dene mukjijat kang siwi
- nulayana wong dagang liwat / anningalimwana ana bebayi / tur wami anyandhing bannyu / gya samya ing ngapirran / yata angling dhumateng kang manguku sunu / lah dika tiyang punnapa / anneng wana mangku bayi
- lawan nyandhing toya annyar / selaminne ngriki tan ana warih / ni anjar alon umatur / iku bannyu mukjijat / bocah iki kang mancal medalaken bannyu / jatine lare punnika / putranne nabi Ibrahim
- duk wau tan wonten Toya / mila kesah nabi ngulari warih / seksana ki dagang asung / wantralan cedha arran / dene wikan yen badhe nabi pinnunjul / ki dagang tumulya kesah / nabi ibrahin nulya prapti
- nanging datan angsal Toya / sareng mulating prenahira siwi / nyandhing sumber toya agung / ataken mring kang garwa / gya winnartaning purwa duk wau-wau / nulya siram nglalap kapdas / ing ngriku nabi Ibrahim
- sukur dhateng ing pangeran / solat patang rekangat salam nuli / karya padalemman sampun / toya sancing panggenan / ing pinggirre tinnanemman sri angnglayu / yata dhusune kering kannan / akathah ingkang kepengin
- dadya tumut wis mengngrika / saya dangu wau nabi Ibrahim / sakkalangkung tresnannipun / dhumateng ingkang putra / lami-lami anggliliri garwanipun / ingkang namane Wi Sarah / gya kesah nabi Ibrahim
- prapta ing bental mukadas / sampun panggih lan dewi sarah nuli / kunneng dhateng putrannipun / nulya dhumateng mekah / yata sampun kapanggih lawan kang sunu / onneng dhateng garwannirra / mring bental mukadas malih
- Nabi Ibrahim sumpenna / ana syarah ta nabi Ibrahhim / becik Ismangil iku / sira kaya akurban / sembeleh endi men pedhot kang agulu / risampunnira mangkana / nabi ibrahim anglilir
- ngungun grahitanning mannah / apa temen annak ingsun Ismangil / ingsun kang kinnenambunuh / ingsun karya kurebban / risaksana jabara linulya rawuh / angsulsalam sarya ngucap / eh sannak amba Ibrahim
- tampi yatim ballaning yyang / apan estu supenna tuwan unni / nabi Ibrahim umatur / sumongga karsanning yyang / sampun annak sannajan selira katur / yata jabarail kesah / mengkana nabi Ibrahim
- karsa kesah dhateng mekah / dewi Sarah aturre amlas asih / dhateng pundi tapukulun / dene tuwan adandan / yata nabi Ibrahim ngandika arum / ingsunnir samaring mekah / amaranni si Ismangil
- mau ana tutunning yyang / ingsun kinnen nyambeleh si Ismangil / sang dewi Srah umatur / angurbaya si anjar / sampun sepuh sembeleh andi men lampus / jeng nabi Ibrahim kesah / prapteng mekah angngling
- dhumateng sira ni anjar / lah dussana annak ira Ismangil / arsasun gama mertamu / marang ing boja minna / yata inggal putra sinniramman sampun / binnusannan dawuhaken dah / dhsar wannannira pekik
- yato ing ngajak lumampah / dhateng rama Ismangil atut wingking / dewi anjar ngater pinta / pinnarak eblis lannat / lingge eblis lah anjar Ismangil aku / binnakta ing boja minna / ujarre kesah mertami
- nanging sejatine ora / pun ismangil arsa dipunpejahi / nilanjeng alon amuwus / mahya ing ngendi ana / iga ing wong nyambeleh marang ing sunu / umatur sang eblis lannat / tan karsannira prabadi
- sangking karsanning pangeran / yata nini anjar sumaur aris / iya ingsun sokur sewu / yen ana karsanning yyang / yata emblis tan angsal panggodhannipun / dadya annututtu sigra / dhumateng nabi Ismangil
- Jinnawil saking ing puntat / lingnge eblis yen tuwan datan unning / tuwan arsa dipunbunuh / dennira rama tuwan / pan kinnaryan kurban Ismangil amutus / lah iya ngendi ana / manungsa nyambelah siwi
- tambuh yen kinnon denning yyang / lingge eblis inggih saking yyang siwi / nabi Ismangil sumatur / yen saking pakonning yyang / iya sokur malih dadi rennanningsun / ana kasunning dhateran / punning eblis si mungsi mungsi
- tan angsal dennya rencan / yata nabi ismangil annututti / ing rama tumulyan matur / lah ta pundi genram / pernahipun lawan nyambeleh maring sun / nabi Ibrahim ngandika / iya sangking sun ismangil
- ing kene karsanning sukma / pernah irsun sambeleh Ismangil / yata kang putra umatur / lah sampun kelayatan / dipun inggal karsanning yyang ingkang agung / mennawi temmah kasukan / ngandika nabi Ibrahim
- lah ta iya annak ingwang / dene pasrah sira maring yyang widi / nabi Ismangil umatur / unggih suwawi rama / inggal lenna karsanne yyang maha luhur / karya ambalang eblis
- ingkang sami angge godhaa / gya sinnungngan sela nabi Ismangil / yata gumuling kang sunu / sarta ngungngal kanjongga / riseksan kang putra alon sinnambut / nabi Ibrahim asigra / anna rikkang punning sundrik
- ginnorokkan kang putra / datan pasha sira nabi Ismangil / yata kang putra umatur / temmah tuwan meksih tresna / milannipun boten pasan tapukulun / tuwan ningngalli wedana / tuwanna saban rahi
- dimen kal Trisna tuwan / gya musa lisinna sabrahi Ismangil / dyan sinembeleh kang sunu / ameksa datan pasha / lingge putra lah madika amungkur / dadyo men sarira amba / sampun panduka tinggalli
- yata mungkur ingkang rama / saweg nyandhak ing jaganne kang siwi / yata jaba rail rawuh / sarya ambekta menda / sakir syarga pethak cecenges cassipun / alemukar punnang menda / sangngan nom jus den lironni
Tags: #contoh transkripsi diplomatik #transkripsi diplomatik #transkripsi diplomatik serat ambiya