Contoh Percakapan Jawa Tema TIK
WAYANG ING YOU TUBE
Sawijining dina nalika Sutana lagi lungguh ing teras, Sutana diparani simbahne yaiku mbah Muh, banjur lungguh njejeri lan nakoni Sutana.
Mbah Muh : na, jare sesuk malem
tanggal 17 Agustus
arep ana wayang ya
Kecamatan?
Sutana : menapa inggih mbah?
Kula menika dereng mangertos menawi badhe wonten wayang ing kecamatan.
Mbah Muh : lha kowe ki piye ta, lha wong kanggo ngrayakake dina kamardikanbanjur
dianakake wayang sewengi natas. Dhalange wea Ki Anom Suroto kok. Sesuk tak
jak ndelok ya, ngancani simbah, simbah wis suwe ora ndelok wayang dadi ya
pingin banget weruh.
Sutana : nyuwun sewu mbah, boten saged, amargi kula benjang wonten ujian, dadosipun
kedah sinau.
Mbah Muh : wah lah terus sing ngeterke aku sapa, masak aku mlaku tekan kecamatan, aku
Wis ingin tenen ndelok wayang kok kowe malah ora bisa ngeterake aku!
Sutana : mekaten mawon mbah, benjang kula padosaken wayang wonten you tube
mawon lajeng simbah mirsani wonten ing dalem, nanging wayangipun boten
ingkang wonten ing kecamatan benjang lho mbah! Kados pundi?
Mbah Muh : mengko disik, you tube kuwi apa? Simbah ora mudeng.
Sutana : you tube menika piranti ingkang wonten ing internet, ginanipun kangge sarana
pados rekaman video utawi filem, samenika ugi sampun kathah rekaman video
wayang ingkang wonten ing you tube, dadosipun benjang kula saged madosaken
video wayang ingkang irah-irahanipun menapa? Benjang supados kula
padosanipun lan mugi-mugi wonten ing you tube.
Mbah Muh : lha terus kuwi le njupuk piye supaya bisa disetel nang ngomah?
Sutana : caranipun kanthi bikak internet lajeng nyerat www.youtube.com ing alamat
Internet, lajeng dipun serat malih menapa ingkang badhe dipun padosi ing
pencarian ingkang wonten ing internet. Menawi sampun lajeng dipunpijet
ingkang wonten tulisanipun download, menawi sampun dipundownload nembe
saged dipunsetel wonten ing komputer.
Mbah Muh : wo isa ta golek wayang nang internet, lha nak ngono bisa nggolekake rekaman
Anom Suroto pas ndalang nang Indosiar kae? Ya nak ngono golekna, gek sisan
sesuk setelna ya!
Sutana : inggih mbah, benjang menawi sampun angsal kula matur kalian simbah.
Tags: #contoh percakapan jawa #tuladha pacelathon #Tuladha Pacelaton Wayang Ing Youtube #wayang youtube #youtube