Sugeng pepanggihan kaliyan kula ………….. ing pawartos basa Jawi Ngayogyakarta. Wekdal menika pawartos basa Jawi badhé mbabar warta ingkang dumados wonten ing wewengkon Ngayogyakarta sakiwa tengenipun. Kasuwun tetepa nyawiji ing pawartos basa Jawi dalu menika.
Pawarta 1
REGI WELUT MANDHAP
(29 Maret 2011 07:30 WIB)
Salebeting mangsa rendheng, regi panyadèning welut mandhap watawis kalih dasa persen. Bab punika jalaran welut gampil dipunpanggihaken ing mangsa rendheng. Kejawi punika, samangké ugi saweg ngancik mangsa panen welut.
Narasi:
Paryono, salah satunggaling bakul welut saking Dhusun Jetis, Désa Sidoagung, Kecamatan Godean, Sleman, mratèlakaken bilih salebeting mangsa rendheng kados samangké regi panyadèning welut mandhap, jalaran welut gampil dipunpanggihaken. Kejawi punika, sawetawis papan ingkang kathah ngasilaken welut, kados Blitar lan Lumajang Jawa Timur, saweg ngancik mangsa panen welut. Salebeting mangsa rendheng samangké Paryono saged ndhatengaken welut saking Jawa Timur kathahipun kalih ton saben seminggunipun. Awit kathahipun pasudiyan welut njalari reginipun lajeng mandhap. Menawi sakawit kalih dasa èwu rupiyah saben kilo, samangké mandhap dados wolulas ewu rupiyah saben kilonipun.
Paryono ugi ngakeni gadhah pelanggan tetep tiyang sekawan dasa. Émanipun, sinaosa regi
welut mandhap, ananging sanak kadang bakul kripik welut tetep boten ngandhapaken reginipun, inggih punika popog sèkèt èwu rupiyah saben kilonipun. (Nadi Mulyadi Jogja Tv)
Pawarta 2:
KAWIGATOSAN DHATENG MUSIBAH ING JEPANG
(26 March 2011 04:58 WIB)
Musibah ingkang tumama ing negari Jepang sawetawis wekdal kapengker nuwuhaken kawigatosan saking sawetawis péhak, kalebet ugi warga Indonesia ingkang naté ketaman musibah ingkang sami. Kanggé nglempakaken bantuwan Yayasan Royal Silk tembayatan kaliyan Hoshizora Foundation, Yayasan Girlan Nusantara, Atsuki Community, Jogjakarta Enterpreneur Center lan sedaya péhak ingkang suka kawigatosan dhateng tumempuhipun musibah ing Jepang, ngadani “One Day Charity” kanthi irah irahan “Jogja Care For Japan- Let’s Support And Learn From Japan” mapan ing Jogja Expo Center dinten Setu énjing (26/3).
Narasi:
“One Day Charity” minangka puncaking acara ingkang dipun-adani dening sawetawis komunitas lan warga Ngayogyakarta sasampunipun tsunami tumempuh ing Jepang. Acara ingkang katindakaken sedinten ing Jogja Expo Center punika ancasipun kanggé nglempakaken bantuwan dhana saking sedaya péhak. Bantuwan ingkang nglempak salajengipun badhé dipunpasrahaken dhateng warga Fukushima, Sendai lan Miyagi, lumantar Kedutaan Besar Jepang ing Jakarta. Puncaking “One Day Charity” dipunregengaken kanthi sawetawis kridha, antawisipun Booth Display Kebudayaan Jepang, kadosta Yukata Photo Session, Origami, Ikebana, kuliner Jepang, sarta pagelaran sanèsipun saking sawetawis komunitas ingkang wonten ing Ngayogyakarta.
Bab wigati ingkang dipuntélakaken salebeting acara “One Day Charity” inggih punika kadospundi bangsa Indonesia ingkang gadhah ancaman musibah alam sami kaliyan Jepang, kados lindhu lan tsunami, saged sinau saking tumempuhing musibah kasebat. Lumantar “One Day Charity”, para warga dipun-ajak sesarengan suka paring kawigatosan lan bantuwan miturut kekiyatanipun piyambak piyambak. (Afirtha Diah Apsari-Abdul Maarif)
Pawarta 3:
NILAI TUKAR PETANI WULAN MARET 2011
(01 April 2011 06:16 WIB)
Nilai Tukar Petani (NTP) ing wewengkon DIY salebeting wulan Maret 2011 indeksipun suda
0,84%, tinimbang ing wulan Februari kapengker, ingkang sakawit 114,33, dados 113,37. Sudanipun
NTP jalaran sudanipun NTP ing sawetawis sub sektor.
Narasi:
Miturut Kepala Badan Pusat Statistik (BPS) Propinsi DIY, Suharno, adhedhasar panyemaking regi ing karang padésan ing wewengkon DIY sadangunipun wulan Maret 2011, Nilai Tukar Petani ing DIY indeksipun suda 0,84% tinimbang wulan Februari kapengker, ingkang sakawit 114,33, dados 113,37. Sudanipun indeks kasebat awit indeks regining asiling pertanian ingkang dipuntampi déning petani suda. Kajawi punika sudanipun NTP ing wulan Maret punika, ugi jalaran sudanipun NTP ing sawetawis sub sektor, inggih menika sub sektor tanaman pangan suda 1,29%, sub sektor holtikultura 0,07%, sub sektor peternakan 0,19%, lan sub sektor perikanan 0,24%. Wondéné sub sektor Tanaman Perkebunan Rakyat mindhak 0,49%. (Anang Zainuddin)
Tags: #pawarto #pawartos #tuladha pawarto #tuladha pawarto basa jawa #tuladha pawartos basa jawa #tulahda pawartos